Bersih desa
Bersih desa iku salahsijining upacara adat Jawa sing diselenggara'ake bubar panen pari dadi maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik.Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.
Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha wae.
Sajarah
Ing jaman mbiyen upacara adat iki dikaitake karo Dewi Sri sing dianggep sebagai dewi pari merga kebrasilan panen iku kasil kemurahan saka Dewi Sri sing wajib disyukuri.Tujuan
- Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasil panen pari sing melimpah
- Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib, roh utawa arwah sing gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana.
- Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar