CLOCK

Sabtu, 01 Januari 2011

Upacara Tradisional "BERSIH DESA"

Bersih desa

Bersih desa iku salahsijining upacara adat Jawa sing diselenggara'ake bubar panen pari dadi maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik.
Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.
Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha wae.

Sajarah

Ing jaman mbiyen upacara adat iki dikaitake karo Dewi Sri sing dianggep sebagai dewi pari merga kebrasilan panen iku kasil kemurahan saka Dewi Sri sing wajib disyukuri.

Tujuan

  • Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasil panen pari sing melimpah
  • Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib, roh utawa arwah sing gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana.
  • Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman.

Prosesi

Prosesi upacara umume diwiwiti bubar panenan pertama utawa methik, lokasi upacarane pertama neng pesawahan sing wis dilengkapi karo ubo rampe antarane: janur kuning, kembang setaman, kemenyan, kaca, suri, banyu kendhi, jajan pasar, bungkusan sega lan gedhang. Bubar acara ndonga, pari sing wis dipetik digotong neng lumbung pari. Neng lumbung pari uga wis disiapake perangkat upacara lanjutane sing umume digawe saka godhong antarane godhong kluwih, dhadhap serep, godhong mojo, godhong tebu, godhong jati uga godhong luh. Masing-masing godhong iku nduwe fungsi lan makna.

mitos "DUMADINE DESA SUMBEREJO"


 Desa Sumberejo yaiku sawijining desa kang ana ing kecamatan Mranggen kabupaten Demak. Miturut panuturane sesepuh desa utawa wong tuwa ing desa iku, desa Sumberejo dumadi saka lelakuning wali Allah sing arane Mbah Sendhang utawa Eyang Singa. Diarani Eyang Singa amarga dheweke duwe ingon-ingon kewan singa kang sipate ghoib utawa ora ketok mata.
Wektu samana wayahe lagi wae panas banter, banyu angel digoleki, tanduran padha mati. Para warga pada bingung golek banyu. Kali padha asat, sumur-sumur ora ana banyune. Wong-wong padha angel golek pangan. Sawah ora bisa ditanduri pari, banjur para among tani padha nandur tela utawa pohong. Nanging gusti Allah durung paring rejeki. Bebarengan karo panas banter dilalah ya usum tikus sisan. Mangka sakanane tela kang ditandur dening warga dipangan tikus.
Wong-wong padha kaluwen, sandangan sakanane, saktemune. Pungkasane akeh wong kang padha tumindak durjana. Maling, ngrampok, ngroda peksa sumebar ing ngendi-endi. Akeh panganan kang ora samesthine ora kanggo manungsa dikhalalake. Kayata tikus, yuyu, ula lan bangsa kewan liyane.

Ing kahanan kang gegirisi kaya mau, dumadakan ana waliAllah sing lagi mlaku-mlaku nyebarake agama islam. Dening para warga saiki, wali mau dijenengi Eyang Singa utawa Mbah Sendhang. Mbah sendhang mlaku saka desa wetan. Anggone mlaku, Mbah Sendhang kapethuk desa cilik kang wargane urip nelangsa. Sandhangane padha kucel, awake gering-gering paribasan kari balung karo kulit. Eyang Singa weruh sesawangan kaya mangkana banjur mampir sautara wektu. Dilalah anggone mampir ngepasi wektu asyar, mangka dheweke banjur cepet-cepet golek banyu kanggo wudhu. Sakambane desa wis diubengi, nanging ora ana banyu sakcawuk wae kanggo wudhu.

Kanthi terus mlaku dheweke golek banyu. Pungkasane Mbah Sendang weruh sumur sing isih ana banyune sithik-sithik. Nanging sumur mau kebak wong, wong sing padha andri golek banyu. Eyang Singa medhak, dheweke nembung njaluk banyu marang wong-wong sing padha andri golek banyu mau, nanging ora diwenehi malah banjur diusir saka kana. Eyang singa banjur lunga lan nyepatani sumur mau. Dumadakan ora pati suwe sumur mau dadi asat tenan.
Eyang Singa terus ngendika, “wong kok kaya balung kabeh.”
Suwe-suwe tembung balung mau dilira-liru dadi Balong. Desa Balong yaiku sawijining desa kang manggone neng sisih wetan desa Sumberejo.
Sawise lunga saka desa Balong, Eyang Singa nerusake mlakune saperlu golek banyu dienggo wudhu. Lagi sedhela wae mlaku dheweke kapethuk sawijining desa kang kahanane ora pati beda adoh saka desa Balong. Sakanane wong neng desa kuwi wis ditakoni kabeh, nanging tetep ora ana sing duwe banyu. Umpamane ana ya mung cukup dienggo masak utawa ngombe.
Eyang Singa terus mlaku nganti meh tekan wates desa sisih kidul. Dheweke kapethuk wong tuwa kang lagi ngindhit klenthing, sajake rekasa banget anggone gawa. Mbah Sendhang banjur takon, “nuwun sewu mbah, anggenipun mundhut toya menika saking pundi?”
Mbah mau mangsuli, "jupuke adoh ngger, aku ngangsu neng alas kidul, nek yahmene iki biyasane wis entek. Apa kowe selak butuh banyu, iki lho, jupuka sithik!”
“Inggih kula badhe nyuwun sakedhik damel wudhu.”

Kanthi sabar wong tuwa mau nunggoni Mbah Sendhang wudhu, banjur diterusake sholat.
Sawise sholat dheweke banjur takon, ”napa desa niki toyanipun ewet, mbah? Kula ngucap matur suwun sanget kagem panjenengan, mbah?", anggone muni mangkana tangane Mbah Sendhang karo njabut suket ing cedhake.
Dumadakan lemah tipak jabutan suket mau ambrol, bolong, malih dadi sendang. Saka jerone mili banyu saderes-derese.
Mbah tuwa mau banjur kamitenggengen lan ngomong, “sumbere rejo banget” mula nganti saiki desa mau dijenengi desa Sumberejo.
Ana ing jero sendhang isih mili banyu nganti saiki bena tiga dawa, banyune isih mili deres. Ing sacedhake sendhang ana kayu gedhe malang sing dikeramatake dening para warga. Kayu iku umure wis atusan taun, nanging ora gapuk. Jarene wong-wong sepuh, kayu kang wis lumuten iku makame Mbah Sendhang.

Kamis, 30 Desember 2010

Upacara Tradisional

Upacara Adat Pembikaan Cupu Ponjolo

       Upacara pembikaan Cupu Ponjolo dipuntindakaken setunggal taun sepisan ing wekdalipun paratani badhe nyebaraken wiji pari kaliyan palawija wonten ing saben utawi ladang. Pamrihipun inggih menika kangge mangertosi gejala-gejala ingkang laras kaliyan perkawis pertanian. Kasil taun ngajeng saget dipun mangertosi nglangkungi Cupu Ponjolo.
        Cupu Ponjolo menika dipun anggep keramat kaliyan masyrakat amargi sedaya ingkang kedadosan wonten ing ramalan kathah leresipum. Saderengipun nindakaken upcara saben pasarta nyuwun berkah nglangkungi Juru Kunci Pewaris Cupu Ponjolo, panyuwunan ingkang dipuntindakaken inggih menika : kawilujengan, pengayoman, gampil padhos rejeki, saha bab penggesangan ing taun ingkang badhe datheng.
        Salebeting nindakaken upacara dipunwiwiti ngagem wilujengan utawi kenduri sesarengan kaliyan Juru Kunci sasampunipun dipuntindakaken pembikaan Cupu Ponjolo ingkang dipuntutupi kangge kain mori saben pembungkus dipun sukakaken panggenan mori setunggal baka setunggal, wonten pinten-pinten gambar, salajengipun dipun mangertosi tegesipun gambar kasebat kaliyan Juru Kunci.

Surat Prajanjen

Sleman, 10 Agustus 2010

PRAJANJEN 

Ingkang tapak asma ing ngandhap menika :
Nama        : Subagya
Padaleman : Guru SMA Budi Mulya, Sleman, Yogyakarta
Alamat       : Godean, Sleman, Yogyakarta

Minangka pihak I

Damel prajanjen kaliyan :
Nama        : Lutfi
Padamelan : Wiraswasta
Alamat       : Karangwuni, Klaten, Jawa Tengah

Minangka pihak II

Pihak I kaliyan II ngawontenaken prajanjen, ingkang isinipun :
  1. Mobil Honda Jazz No. AB 4410 FA kagunganipun pihak II dipuntumbas pihak I rikala tanggal 9 Agustus 2010 kanthi regi Rp 150.000.000,00 (setunggal atus seket yuta rupiah).
  2. Dene caranipun mbayar : pihak I kanthi nyicil dhumateng pihak II saben wulan wiwit tanggal 10 Agustus 2010 ngantos 10 November 2011. Saben cicilan Rp 10.000.000,00 (sedasa yuta rupiah).
  3. Menawi wonten prakawis ingkang dumados sadangunipun wekdal prajanjen, badhe karampungaken kanthi pasedherekan.
                                                                         Kula,
Pihak II                                                                         Pihak I


Lutfi                                                                        Subagya

                                              Seksi
1. Drs. Agus                                                          2. Rita Ananta

Busana Tradisional



Layang Pribadi

Yogyakarta, 10 September 2010

Sungkem pangabekti kula
katur Bapak-Ibu Prapto ing Jakarta
     
         Nuwun, kanthi serat menika ngaturi priksa, bilih kula tansah ginanjar kawilujengan, pinaringan bagas kuwarasan, pikantuk berkah saking Gusti Allah ingkang Maha Asih lan pangestu panjenengan Mugi-mugi Bapak Ibu sekaliyan sarta adhik ing mriki inggih mekaten kawontenanipun.
       Kejawi menika keparenga kula matur, sarehning benjang wulan ngajeng menika kula badhe nglaksanakaken ujian semester inggih menika tanggal 1-9 Desember 2010. Pramila samenika kula nyuwun arta kangge bayar SPP. Kejawi saking menika kula nyuwun donga pangestu Bapak saha Ibu, Mugi-mugi kula saget pikantuk biji apik. Amin...
       Wasana namung menika atur kula, menawi wonten kalepatan, kula nyuwun pangapunten.
Matur nuwun.

 Ingkang Putra


                                      Elfira